Saturday, May 28, 2016

Kaendahane Merapi Ing Wayah Sore | Sutardi MS Dihardjo




Kaendahane Merapi Ing Wayah Sore
Sutardi MS Dihardjo

Angin sore kang tumiyup santer
Mbarengi keplasing panyawang
Kaya jemparing linepas saka tali gendhewa
Dumadakan kandheg jegreg ing sikile merapi

Nggelar panyawang
Njembarake pangerten
Ngresepi kaendahan


Manuk-manuk pateng cericit pating baleber
Bali mulih mring susuhe
Pak tani lan mbok tani
Mlaku bareng nurut galeng
Kaya-kaya lagi ngetung jembare sawahe
Kaya-kaya lagi ngetung asile panene
Apa sedheng kanggo mangan anak bojo

Angin sore kang sumilir
Nggremet ereng-ereng gunung merapi
Nggremet suket-suket ing sunggene bocah ngarit
Ngrasakake ambune suket
Ngrasakake ambune kringet
Kang tumetes sajroning darmo bekti
Mring ibu lan bapa
Mring nusa lan bangsa
Mring kamanungsan lan lestarine alam

Angin sore saya wani
Nrabasa alang-alang
Nrabasa alas gung liwang-liwung
Genteyongan karo kethek lan lutung-lutung
Gegojegan karo macan tutul lan macan kumbang

Angin sore krekel-krekel
Munggah pereng-pereng kang saya angel
Watu-watu lan padas-padas pating jenggeleg
Ing saben wektu bisa gemblundhung
Katerak mbludage lahar merapi

Kaendahane Gunung Merapi ing wayah sore
Jebul kebak crita kang ngedheg-dhegi
Tanda pitakon
Kanggo urip sabanjure

Kaendahane Gunung Merapi ing wayah sore
Ing pucukmu aku rumangsa
Urip iki mung nyuwun welas asihe Gusti
Ngarep-arep peparing lan pangayoman
Saya yen srengenge ing sisih kulon kae saya ngglewang
Angslup ing samburine pepeteng kang saya gumelar
Aku saya rumangsa kijenan
Ora ana kang bisa dak jaluki pitulung
Kajaba mung Gusti Kang Murbeng Dumadi
Kang tansah mitulungi kawulane kang bekti

Kaendahane gunung merapi ing wayah sore
Ora mung ing panyawang kang katon saka kadohan
Nanging pitutur ngenani
Perjuangane urip
Kanggo lestarine alam lan panguripan
Lan pasrahing diri ikhlas tumusing ati
Sajroning donga, dzikir,
Panyuwunan, lan puji syukur

Geguritan iki mujudake PR pelajaran Basa Jawa ing SMA Muhammadiyah Wedi Tahun 1982
Kapacak ing koran Solopos 27 September 2007


Anda sedang membaca kumpulan/contoh/artikel/puisi/sajak/pantun/syair/tentang/tema/bertema/judul/berjudul Kaendahane Merapi Ing Wayah Sore | Sutardi MS Dihardjo dan anda bisa menemukan kumpulan/contoh/artikel/puisi/sajak/pantun/syair/tentang/tema/bertema/judul/berjudul Kaendahane Merapi Ing Wayah Sore | Sutardi MS Dihardjo ini dengan url http://kumpulankaryapuisi.blogspot.com/2016/05/kaendahane-merapi-ing-wayah-sore.html,anda juga bisa meng-click kumpulan/contoh/artikel/puisi/sajak/pantun/syair/tentang/tema/bertema/judul/berjudul Kaendahane Merapi Ing Wayah Sore | Sutardi MS Dihardjo Tetapi dilarang merubah isi maupun mengganti nama penyair/pengarang nya karena bertentangan dengan HAKI, semoga anda ter-inspirasi dengan karya Kaendahane Merapi Ing Wayah Sore | Sutardi MS Dihardjo salam Karya Puisi

0 komentar:

Post a Comment

 

kumpulan karya Puisi | Copyright 2010 - 2016 Kumpulan Karya Puisi |