Saturday, May 28, 2016

Panjangka | Geguritan Bahasa Jawa Sutardi MS Dihardjo




Panjangka
Sutardi MS Dihardjo


Tanah sabrang kang dadi gegantilaning
Pengarep-arep
Cat katon cat ilang
Krampul-krampul ing cakrawala
Saya cedhak saya cetha saya katon gambarane
Kaya kari sak dayung maneh bisa karengkuh
Kaya kari sasiliring angin maneh bisa kagayuh
Nambah mantep sedyaning karep
Nambah banter sumurung baita
Gliyak-gliyak lakune
Tumuju gegayuhan kang tinunda

Najan angin kang tumiyup santer
Ora tata ngoleng-oleng baita
Kaya arep medhot tali nyuwek layar
Ombak nyempyok-nyempyok ngadhang lakuku
Alun gumulung ngantem kiwa tengen
Ora dak rewes
Amung angin buritan kang memitran
Dak tampani gumelare layar
Sesuluh lintang gumebyar
Lan pandoming kompas

Mbiyen pancen aku was-was mecaki dalan iki
Durung ngerti pengkuhing prahu
Lan cukuping butuh
Nanging saiki sanajan durung cukup santosa
Wis cukup kanggo miwiti
Nggayuh sing wis suwe dadi pengangen-angen
Gawang-gawang rina klawan wengi
Dadi kembange impen
Dadi obsesi ing saben wektu

Klaten, Oktober 2007
Dimuat Koran Solopos 15 Nopember 2007


Anda sedang membaca kumpulan/contoh/artikel/puisi/sajak/pantun/syair/tentang/tema/bertema/judul/berjudul Panjangka | Geguritan Bahasa Jawa Sutardi MS Dihardjo dan anda bisa menemukan kumpulan/contoh/artikel/puisi/sajak/pantun/syair/tentang/tema/bertema/judul/berjudul Panjangka | Geguritan Bahasa Jawa Sutardi MS Dihardjo ini dengan url http://kumpulankaryapuisi.blogspot.com/2016/05/panjangka-geguritan-bahasa-jawa-sutardi.html,anda juga bisa meng-click kumpulan/contoh/artikel/puisi/sajak/pantun/syair/tentang/tema/bertema/judul/berjudul Panjangka | Geguritan Bahasa Jawa Sutardi MS Dihardjo Tetapi dilarang merubah isi maupun mengganti nama penyair/pengarang nya karena bertentangan dengan HAKI, semoga anda ter-inspirasi dengan karya Panjangka | Geguritan Bahasa Jawa Sutardi MS Dihardjo salam Karya Puisi

0 komentar:

Post a Comment

 

kumpulan karya Puisi | Copyright 2010 - 2016 Kumpulan Karya Puisi |