Saturday, May 28, 2016

Pawongan Ing Ngisor Bang-jo | Sutardi MS Dihardjo




Pawongan Ing Ngisor Bang-jo
Sutardi MS Dihardjo


Wis makaping-kaping aku meruhi
Pawongan njejaluk ing pinggir dalan
Ndheprok sangisore bang-jo tangan ngathung
Sikil dibuntel sajak cacat putung
Ora kuwat nyambut gawe lumrah
Bisane mung ngadhang paweweh

Atiku kang wis kisen crita werna-werna
Anane wong ngemis memba lumpuh
Jebul bisa mlayu banter diuber Trantib
Anane wong ngemis memba wuta
Mancing welas asih mbeber panalangsa
Jebul lirak-lirik aling-aling kaca mata
Aku wis ra kengguh
Aku emoh kapusan

Nanging bedhug tengange iki
Panase sumelit srengenge cemlorot tengah ari
Pasa entuk setugel dina ngasat tenggorok
Dumadakan clingak-clinguk
Aku kelangan
Neng ngendi pawongan kang biasa
Ndheprok pinggir dalan ngathungke tangan
Bang-jo wis kliwat dak toleh katon
Wong kang dak kira luput ing rasa
Panas, ngelak lan luwe, merga kulina
Lagi ngeyup ing ngisor uwit
Ora betah ngrasa panas
Mendah ngelake mendah luwene

Atiku trenyuh tinarbuka
Jebul pawongan iku ora beda karo aku
Ora betah panas, ngelak lan luwe
Mung kepeksa
Bisane mung ngono
Montor dak puter  bali
Duwit sewu dak ulungake
Tanda pakurmatanku mring perjuangane
Ing urip bebrayan kang kejem iki
Dheweke mesem karo ngulungke tangane
Kang uga dibuntel, ngajak salaman
Wis aku ra mikir maneh
Buntung tenan
apa ethok-ethok

Klaten, Ramadhan 1428 H / 2007 M
Dimuat Koran Solopos 15 Nopember 2007


Anda sedang membaca kumpulan/contoh/artikel/puisi/sajak/pantun/syair/tentang/tema/bertema/judul/berjudul Pawongan Ing Ngisor Bang-jo | Sutardi MS Dihardjo dan anda bisa menemukan kumpulan/contoh/artikel/puisi/sajak/pantun/syair/tentang/tema/bertema/judul/berjudul Pawongan Ing Ngisor Bang-jo | Sutardi MS Dihardjo ini dengan url http://kumpulankaryapuisi.blogspot.com/2016/05/pawongan-ing-ngisor-bang-jo-sutardi-ms.html,anda juga bisa meng-click kumpulan/contoh/artikel/puisi/sajak/pantun/syair/tentang/tema/bertema/judul/berjudul Pawongan Ing Ngisor Bang-jo | Sutardi MS Dihardjo Tetapi dilarang merubah isi maupun mengganti nama penyair/pengarang nya karena bertentangan dengan HAKI, semoga anda ter-inspirasi dengan karya Pawongan Ing Ngisor Bang-jo | Sutardi MS Dihardjo salam Karya Puisi

0 komentar:

Post a Comment

 

kumpulan karya Puisi | Copyright 2010 - 2016 Kumpulan Karya Puisi |